Tuesday, November 1, 2011

Cerkak Jawa

Bali Menyang Dalan Sing Bener

            Rino iku anake Pak Karto lan Bu Karti. Gandeng mung duwe anak siji mula Rino dadi bocah aleman lan diugung dening wong tuwane. Pak Karto iku sawijining pengusaha kang sukses ing kutah Sala. Semono uga Bu Karti dadi bakul sandhangan ing pasar Klewer. Mula ora mokal yen keluargane Pak Karto dadi keluarga kang kacukupan ing babagan ekonomi.
            Gandheng Rino iku anake wong sugih mula sakabehing kabutuhane kacukupan, mula ora mokal yen kabeh pepinginan  kang dikarepake wiwit cilik nganti remaja dituruti apa sing dijaluk lan dikarepake dening Rino, kabeh dituruti, wiwit saka sandhangan, dolanan, lan apa bae sing disenengi karo Rino, mula Rino dadi bocah ugungan.
            Bapak lan Ibune arang neng omah, jalaran pada repot karo pakaryane dewe-dewe. Pak Karto ngurusi perusahane, dene Bu Karti ngurusi anggone bebakulan sandhangan ing pasar. Ing omah Rino arang ketemu karo bapak lan ibune jalaran yen kondur awis bengi. Kanggo nglimur atine sing kasepen Rino golek kanca. Rino ngundang kancane supaya dolan ing omahe.
            Saben kancane teka Rino katon seneng. Apa maneh yen deweke nggawa omben-omben lan narkoba menawa diombe rasane kaya nglayang, bisa mbayangake apa sing dikhayal. Suwe-suwe Rino dadi ketagihan, yen ora ngombe lan ora nganggo narkoba bareng karo kancane. Rino wis kabacut ngadhat. Rino wis kabacut kleru anggone milih kanca. Saiki Rino wis dadi pemabuk.
            Nuji sawijining dina, nalika Rino lagi mabuk-mabukan karo kanca-kancane Bapak lan Ibune kondur. Pak Karto lan Bu Karti kaget weruh anake ngombe omben-omben sing dilarang dening negara lan tatanan agama. Mula Rino banjur digawa menyang Panti Rehabilitasi supaya ditambani.
            Ing Panti Rahabilitasi Rino dirumat aln dirawat kanti apik. Lan diwenwhi pangerten ing babagan kerugiane yen nggunakake narkoba, mula Rino dadi sadar yen anggone nggunakake narkoba iku keliru. Jalaran dadi pengguna narkoba margo ora digatekake dening wong tuwane. Semono uga wong tuwane uga sadar yen maune ora migatekake anak amarga sibuk ing pakaryane. Wiwit kadadeyan iku Bapak lan Ibune rino Saiki Banjur mentingake anggone mangun brayat lan nggulawentah anak. Semono uga Rino saiki dadi bocah sing mbangun miturut, lan bekti marang wong tuwa. Kelakuane sing ala ditinggal, diganti dening kelakuan kang becik, bali menyang dalan sing bener.


                                                                                    Wonosobo, 25 Oktober 2007
                                                                                                     Dening




                                                                                              Ardi Kurniawan

No comments:

Post a Comment