Wednesday, November 2, 2011

PERANGE LORO PENJAGA GUNUNG

Dhek mbiyen, ana loro gunung yaiku Gunung Kamonsope lan Gunung Saba Mpolulu. Ing sawijining dina loro gunung kuwi perang gara-gara banyu. Banyune penjaga gunung Kamonsope dijaluk karo penjaga gunung Saba Mpolulu. Nanging, penjaga gunung Kamonsope ora gelem wenehkake kanggo penjaga gunung Saba Mpolulu. Nanging, penjaga gunung Saba Mpolulu tetep ngupaya supaya bisa nduweni banyu kuei. Dheweke banjur ngluru dalan supaya tetep bisa nduweni banyu kuwi. Penjaga gunung Kamonsope, tetap ora gelem mundur walau kudu ngorbanake awake.



Sakwise kuwi penjaga gunung Saba Mpolulu mikir. Ing jroning ati, “Aku iki wong lanang, selagine penjaga gunung Kamonsope iku wong wadon. Masa aku dikalahake karo wong wadon. Luwih apik aku peksa wae.” Nanging kabeh siasat lan usahane muspra kabeh. Dene penjaga gunung Kamonsope kuwi wong wadon, nanging dheweke tetep teguh lan mati-matian nahan hake. Penjaga gunung wadon kuwi tetep ora gelem nyerah ngono wae. Ngerti kaya ngono penjaga gunung Saba Mpolulu tansaya nesu.
Merga kabeh usaha ora ana sing kasil. Penjaga gunung Saba Mpolulu banjur ngangkat gaman, arep merangi penjaga gunung Kamonsope. Bedhilan meriam sing kepisan ora kena ing sasaran. Bedhilan keloro, pelurune tetep durung ngenani sasaran. Penjaga gunung Saba Mpolulu tansaya lesu.
Saiki giliran penjaga gunung Kamonsope mbhedil penjaga gunung Saba Mpolulu. Sepesan mbhedil langsung ngenani sasaran. Gara-gara bedhilan kuwi gunung Saba Mpolulu dadi kaya kampak sing terpongah, kaya ditabrak barang kang atos. Amarga iku gunung kuwi dijenengi “Gunung Saba Mpolulu”.

No comments:

Post a Comment