Ing sawijining dina Sunan Kalijaga mengembara nyiarake agama Islam bebarengan karo wong loro pengiring. Ing wektu kuwi isih musim kemarau. Lemah pada gersang, lang kewan ternak akeh sing pada mati marga langkane banyu. Ing perjalanan, Sunan lan loro pengiring tekan ing daerah Pati. Ing kana pari-pari layu marga kurang banyu, lan marga kuwi para warga ing daerah Pati pAda kaserang penyakit, kekurangan pangan, lan kekurangan banyu.
Sakwise mlaku adoh, Sunan lan loro pengiring lerening ngiros wit kang ringand. Amarga ngelak lan mbutuhake banyu kanggo wudhu. Sunan ndawuhi pengiring sing asmane Ki Rangga nggoleki banyu ing lembah-lembah. Nanging banune tetep ora ketemu. Sakwise Sunan ngenteni Ki Rangga, Ki Rangga banjur teka nanging ora nggawa banyu. Sakwise kuwi Sunan ndawuhi Ki Rangga nggoleki aneh tappi digawani kerise Sunan. Sunan ngendika yen ana wit sing rindang, keris kuwi ditancepake ing lemahe. Banjur Ki Rangga lunga maneh.

Sakwise Ki Rangga nemu panggonan sing kasebut, Ki Rangga lansung nancepake keris sektine Sunan. Sakwise dicabut, banyu bening resik deres metu saka lemah. Ki Rangga seneng banget nganti ora kelingan dawuhe Sunan. Sakwise kelingan, Ki Rangga langsung nemoni Sunan.
Banjur Ki Rangga njaluk ngapura marang Sunan Kalijaga karo ngewenehake tempayan. Kanjeng Sunan meneng, Sunan ngerti abdine kuwi ngapusi. Karo meneng- meneng Ki Rangga lunga ninggalake Sunan lan pengiring sijine kanggo mbalik ing Tlaga.
Tekan magrib, Ki Rangga hurung teka. Sunan banjur nusul ing tlaga kasebut. Sunan ndawuhi Ki Rangga supaya minggir saka tlaga. Marga isin lan wedi, Ki Rangga ora nggatekake ngendikane Sunan. Dheweke tetep dolanan banyu karo ngelangi. Sunan banjur mangkel karo Ki Rangga. Sunan ngendika, “Rangga, kowe bakal dadi bulus yen tetep kaya ngono”. Ki Rangga tetep ora nggatekake. Ngendikane Sunan iku kaya kutukan kanggo Ki Rangga. Banjur ngendikane Sunan mau dadi kenyataan, Ki Rangga dadi bulus ing Tlaga.
Banjur Ki Rangga njaluk ngapura karo Sunan. Nanging Sunan ngendika yen kuwi wis takdir saka Gusti Allah. Ki Rangga bingung arep main apa ing tlaga, marga saiki dheweke saiki wis dadi bulus. Sunan ngendika aneh, sesuk ngemben arep ana wong kang akeh pada ngenei maeman kanggo kowe. Banjur Sunan ngganti jenenge Ki Rangga dadi Ki Dudo. Banjur jeneng tlaga iku Tlaga Sani.
Suwe-suwe pancen akeh wong kang marani Tlaga Sani iku kanggo ndelok Ki Dudo lan kaendahan Tlaga Sani kang ana ing Taman Sari, Kecamatan Tlogo Wungu, Kabupaten Pati, Jawa Tengah.
No comments:
Post a Comment