Thursday, November 3, 2011

Kayu Tilas Getheke Jaka Tingkir

Sawise tutug anggone meguru ing Banyubiru, Jaka Tingkir Sapendherek bali menyang Kraton Demak Bintara. Lakune mengalor kanthi numpak gethek manut ilining Bengawan Solo. Manut crita babad, satekan ing Kedhung Srengenge, Jaka Tingkir perang tanding klawan tetungguling baya.

Jroning perang kasebut Jaka Tingkir menang, lan minangka telukan baya cacah 40 kadhawuhan nyangga gethekke saengga ngitir tanpa disatangi. Nanging nalika tekan ing Desa Butuh, ilining bengawan menggok mengetan. Sabanjure putrane Ki Kebo Kenanga saka Pengging iki mutusake laku menyang Demak kanthi dalan dharat.


Suwitane Jaka Tingkir ing Demak katampi dening Sultan Trenggana, kawusanane Kanjeng Sultan Demak kepareng mundhut mantu. Malah nalika Sultan Trenggana seda taun 1546, Jaka Tingkir sigra boyong keprabon menyang Pajang. Rakyat percaya menawa Pajang minagka paneruse Demak awit saliyane Jaka Tingkir mujudake putra mantu Sultan Demak, uga isih keturunan Majapahit.

Jaka Tingkir alias Mas Karebet, ngasta raja sepisanan ing Pajang kanthi gelar Sultan Hadiwijaya. Seda ing tahun 1586, lan pujering panguwasa Tanah Jawa ginanti dening Mataram yasane Ki Ageng Pemanahan lan putra kakunge. Panembahan Senopati ( 1586 – 1601 ), minangka raja kang sepisanan, kang mapan ing Plered.

Sapungkure Sultan Hadiwijaya, Pajang dadi kadipaten kebawah Mataram. Pangeran Benawa gumanti keprabon ing Pajang. Eman lagi setaun anggone mentah, panjenengane seda. Ing tahun 1588 Penembahan Senopati ngangkat ingkang rayi, Pangeran Gagak Baning diganti dening Raden Sidawini, putra Pangeran Benawa kang sabanjure agelar Pangeran Benawa II ( 1591 – 1617 ).

Ing tahun 1617 iku Pajang mbalela, berontak marang Mataram kang nalika iku diasta Sultan Agung. Wose karep bakal mbalekake kuncarane praja Pajang. Prajurit Mataram kasil numpes Pajang. Pangeran Benawa II sapandherek mlayu menyang Giri.

Sasedane Sultan Hadiwijaya, panjenengane kasarekaken ana ing pemakaman Butuh. Makam Butuh saiki klebu wewengkon kecamatan Pupuh, kabupaten Sragen. Panere sisih lor-kulon, watara 20 km saka kutha Sragen.

Makam Butuh panen makam kerabat Pajang. Saliyane maesane Jaka Tingkir kang jejer karo makame putrane (Pangeran Benawa) kang dimakamake ing jero gedhong cungkup yaiku Ki lan Nyi Kebo Kenanga (bapa lan ibune Jaka Tingkir), Kanjeng Pangeran Teja Wulan (ingkang rayi), Kanjeng Ratu Kadilangu (putrine), lan perangkat kraton, yaiku Patih Mancanegara, Tumenggung Witamarta, lan Tumenggung Wuragil.

Dene kang kapethak ing sanjabane gedhong, yaiku Ki lan Nyi Ageng Ngerang. Pangeran Harya Brangwetan, Ratu Ayu Pagedhongan, Ratu Ayu Kodok Ijo, lan Kanjeng Pangeran Adinegara. Anehe, nadyan ing ngarep gedhong isih ana papane, nanging ana sawijining kijing kang mencil, yaiku ing mburine gedhong (kijing keterjang tembok, separo ana jaba separo ana jeron gedhong) yaiku kuburan Pangeran Sinawung, putra Sultan Pajang ingkang kaping 19. Goteking akeh, Pangeran Sinawung duwe tugas njaga makame para kerabate. Mula kijing separo ana jaba separo ana jero.

Makam Butuh iki nate dipugar dening Sunan PB X ( 1893 – 1939 ) nalika tanggal 16 Agustus 1928 Kraton Surakarta panen isih nganggep Jaka Tingkir minangka kakek moyang. Ing saben-saben panen isih kerabat Keraton Surakarta kang mrelokake nyekar menyang Butuh.

Kayu Tilas Gethek

Ing Pelataran sisih pinggir wetan ngarep gedhong, katon kayu tilas getheke Jaka Tingkir nalika ditinggal laku darat menyang Demak. Seprene panen udakara wis luwih 450 taun, mula ya kari salenjer. Iku wae umpama dudu kayu jati, mesthi wis entek dhek emben-emben.

Kayu tilas getek kang kari salenjer udakara gedhene sak cagak omah kanthi dawa watara 2 meteran iku wangune wis ora alus aneh. Jalaran padha diserbeti dening peziarah. Anggone nyerbet gek karo tangan pisan. Jarene, panen ngono kuwi sarate, ora kena nganggo peso.

Crita larah-larahe mangkene. Jaka Tingkir jaman sugenge biyen panen kondhang sektine. Aja aneh manungsa, kebo edan wae ketempiling ndhase pecah. Saliyane iku, ora bung kondhang sekti, nanging uga thukmis. Dhasare priyayi bagus rupane, mula akeh kang kepincut. Ya saka kawruh iki banjur padha percaya sing sapa nyerbet kayu tilas getek lan sawise teka ngomah diobong lan awune diombe, bakal kadunungan kakuwatan kang ngluwihi mungguhing priya.

Embuh wis wiwir pirang puluh utawa atus taun tradisi nyerbet mau. Sing genah, yen tog-togake, suwe-suwe kayu jati mau bakal entek. Yen wis ngono bakal kelangan bukti kang otentik.

Mula kanggo nyuwak tradisi mau, kayu kang kari salenjer iku digawekake kotak kang ing sisih ngarep digawai saka kaca bening. Dadi saikine sing sapa ziarah mrana kari nemoni kayu sisa getheke Jaka Tingkir ing njeron kothak kaca

1 comment: